Panyêratan lan pamaosan carakan ngginakan sak pêrangkat lambang utawi pratåndhå.
Pratåndhå wóntên 2 (kalíh) : Adêg adêg lan Pådå.
1. Adêg adêg
Wangun adêg adêg dipún ginakakên :
a. Pratåndhå purwaning caritå
b. Pratåndhå purwaning "alinéa" énggal.
Pratåndhå wóntên 2 (kalíh) : Adêg adêg lan Pådå.
1. Adêg adêg
Wangun adêg adêg dipún ginakakên :
a. Pratåndhå purwaning caritå
b. Pratåndhå purwaning "alinéa" énggal.
Katêrangan Pådå :
(1) Pådå Lingså, nggadhahi ayahan dadós "koma",
(1) Pådå Lingså, nggadhahi ayahan dadós "koma",
a. Pådå lingså manawi kalêrêsan ing sak wingkíngipun aksårå "mati", sandhangan pangkón menikå sami kaliyan pådå lingså.
b. Pådå lingså gadhah fungsi dadós "pratåndhå pêmisah" ing pérangan têmbung paprincèn.
c. Pådå lingså gadhah fungsi dadós panyigêg singkatan nyêrat asmå, gêlar lan singkatan sanèsipun ingkang sanès akronim.
(2). Pådå Lungsi, gadhah fungsi kados "titik", mbok bilíh ing wusananing têmbung sampún wóntên sandhangan pangkón, cêkap nambah mawi pådå lingså.
(3) a. Pådå Pangkat, gadhah fungsi kanggé púrwaníng paprincèn.
b. dadós pêngapit têmbung / pocapan
c. dadós pêngapit panyêratan ångkå
(4) Pådå Guru, nggadahi fungsi dadós pratåndhå pakúrmatan íng púrwaníng panyêratan sêrat utawi cariós.
(5) Pådå Pancak, kaginakakên ing wusananing panyêratan sêrat utawi carios.
(6) Pådå Andhap, kaginakakén kanggé pakúrmatan tumuju priyantún ingkang wajib dipún úrmati, pådå andhap dipún sérat ing púrwaning sêrat.

(7) Pådå Madyå, dipun sêrat ing purwaning sêrat ingkang tumuju dumatêng priyantún ingkang sak - dêrajat.
(8) Pådå Luhúr, dipún sêrat ing púrwaning sêrat utawi sêkar ingkang tumuju dumatêng priyantún ingkang kagungan kalênggahan, yúswå utawi pangkatipún langkúng andhap.
Wasånå pådå saged dipún waos "iti" têgêsipún "tamat".
(8) Pådå Luhúr, dipún sêrat ing púrwaning sêrat utawi sêkar ingkang tumuju dumatêng priyantún ingkang kagungan kalênggahan, yúswå utawi pangkatipún langkúng andhap.
(9) Púrwå Pådå, dipún sêrat ing púrwaning sêkar / waosan / têmbang.
Íng Púrwå Pådå saged dipun waos "mangajapå bêcík" íngkang kasêrat : "må, ngå, jå, på, bå, cå" ingkang têgêsipun panyuwunan bêcik / saé.
(11) Wasånå Pådå, dipún sêrat ing pungkasan waosan / têmbang.
Têgêsipún bilih waosan kasêbat sampún rampúng.
Têgêsipún bilih waosan kasêbat sampún rampúng.
Wasånå pådå saged dipún waos "iti" têgêsipún "tamat".

No comments:
Post a Comment